Sore iku sodron dolan neng
omahe sardot..
Sodron : "dooott..kowe gek opo
dot?"
Sardot : "mlebu wae dron.. aku
neng pawon kie.."
Sodron : "ealah.. ngopo kowe
neng pawon dot??"
Sardot : "aku lagi balapan jaran
dron.. hahaha nek neng pawon ki
yo lagi masak lah.. men koyo chef
min hoo kae lho.."
Sodron : "wah pas tenan.. awit
mau aku durung mangan.. ngeleh
tenan ki.. hehehe.. masak opo
kowe dot? Opor ayam colongan
yo?"
Sardot : "ngawur.. aku lagi
nggawe rica-rica enthog ki.. mau
nemu neng kandange mbah
mukri..hehehe"
Sodron : "lho? Maling kuwi?
Kurang ajar tenan kowe dot!
Tegel karo tanggamu dewe!"
Sardot : "doyan pora??"
Sodron : "ojo dibaleni maneh yo
dot..? Endi piringe?? Hehe"
Sardot : "kakean cangkem.. kae
jupuk dewe neng rak.. segane
neng mejo.."
Sodron : "lho? Kowe ra melu
mangan sisan?"
Sardot : "kowe ndisik wae,. Aku
ameh adus.. ojo dientekke lho!"
Sodron : "siap dot! Hehe"
Saknaliko sodron mangan rica-
rica kuwi,mbuh saking enake opo
saking kalirene,ngasi dekne
tanduk ping pindho.. mbasan
rampung,diglontor teh anget karo
udud kebal kebul.. ckckck yen
disawang wes koyo juragan wae
hehehe..
Sardot : "piye dron.. enal ra
masakanku?"
Sodron : "jebul kowe nduwe
bakat terpendam yo dot? Uenak
tenan.. sumpah.. ra kalah karo
warung padang kae lho.. ckckck..
salut aku dot.. yo mung rodo
KASINEN sithik.. tapi ra masalah
kok.. enak.. enak.. hehehe"
Sardot : "mosok si dron? Padal
mau ora tak wenehi uyah lho..
ndilalah neng pawonku entek.."
Sodron : "lha terus? Kok iso asin
banget ki kepiye dot??"
Sardot : "aku khan bingung golek
uyah ra ono.. lha ndilalah aku...
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
...nemu KOLEKSI UPIL-KU neng
botol kae to.. terus..
..LHO DRON.. NGOPO KOWE MUTAH-
MUTAH?? WOI.. MASUK ANGIN
YO??"
.
.
.


Snack's 1967